Feeds:
Pos
Komentar

Snap_2013.05.04 20.13.21_002#Acara opo to iki?
iki acara ngopi biasa,ning  iso ketemuan karo komunitas bloger,onliner,ugo jejaring sosial opo wae,Ora ono batesan lan tingkatan pangkat, opo maneh bayaran lan gaji yen mung arep melu #ngopi kere… sopo wae entuk.
Ndobos tukar kwruh,gojek kere, lan sing cetho ora ono Muatan politik kanggo njago Gubernur Opo maneh Presiden.
#Kapan Kui?
Sesuk mulai dino JumatWage,Sabtu Kliwon lan minggu legi warso 10,11,12 wulan Mei 2013 utowo 28/29 Jumadil Akhir lan 1 rejeb 1434
Enek opo ae?
Hayo sing cetho Wedangan,sinambi nganggsu kawruh ,online wifi Gratis Hotspot,banjur Karawitan,Kesenian “Jathilan” iso ugo ndelok asrining perbukitan menoreh lan Mlebu Goa Seplawan rame rame..
##Syarat e?
Kabeh GRATISSSS  NDESSS sopo wae entuk melu…sing seneng kekancan….paseduluran…..
##Panggonane nong endi kui?
Kang totok Gunungkelir Dusun Katerban Komplek Tower,desa Donorejo,Kec Kaligesing Purworejo
##Lha terus le rono pie?
Halah criwis wae…klik ki nok kene...

Jungleland

Jungleland, pangonan piknik kang  endah lan apikSnap_2013.02.16 02.33.13_008

Piknik utowo dolan- dolan wektu iki wus dadi salah sijining kabutuhan tumrap urip,Papan panggonan kang nduweni 41 werno dolanan lan atraksi kang jembare 35 ha manggon onoing tlatah kawasan Sentul Nirwana,Sentul City- Bogor, Jungleland Adventure Theme Part arane bakal ndadeake swasono kang nyenengake

Snap_2013.02.14 18.08.02_004Tekan wektu iki Jungleland Theme Part isih dadi panggonan rekresi terbesar se Indonesia,sak liyane maneko warno dolanan kanggo kabeh umur ugo ono ewon menu kuliner kang cumawis ndadekake swasono tambah gayen

Ojo kuatir masalah lokasi parkir,1000 mobil,300 bus wisata cumawis nyukupi,ugo sesawangan pemandangan kang endah sewalike eneng Gunung Pancar lan howo kang isih seger gawe keluarga tambah sengsem ngrasakake “petualangan rame lan Gayeng”

#Panggonan Kang Gampang

#Nduweni 4 zone sing konsep e unik

#Nduweni Science Centre  sing paling gedhe lan paling lengkap nang Indonesia

#Maneko warno Permainan kanggo kabeh umur lan rego tiket ugo kejangkau

Kabeh mau ono lan cumawis ing :Jungleland Adventure Theme Part    

baca selengkapnya dan versi bahasa Indonesia  klikdisini

Snap_2013.02.16 02.39.40_012

Snap_2013.02.16 02.39.17_011Snap_2013.02.16 02.36.36_010Snap_2013.02.16 02.40.10_013

Saktipaijo's Weblog

Ora dak nyono…wektu kang wus lumaku ndadekake isuk kang uput – uput lumintir sore lan petheng ndedet….bakal dadi wengi kang dowo.

Duh….ora kroso ndadekake lali tumuju marang ora rumongso…tangan kang alus malik kebak kapal lan rai kang wus dadi soyo kriput ngilangake cahyo suminar ayu lan bagus kang sajak ora bakal katerak panas lan udan.

Aku pancen ora kuwowo,ananging lungguh adem ing pikir,unjal ambegan kanthi  temoto lan pawawas kang kudu titis amargo lantiping  ewon kahanan kang lumaku ndadekake kroso laku rumongso…

Embuh…yen laku mung adohe sobo pithik, dak kiro pawas lan roso kang  wus kudu owah mesti di duweni,dudu romongso mongkog lan nyawang cilik marang liyan…ananging antenging pikir lan jabat swasono kanggo sopo wae……

Aku pancen rumongso cilik!…mergo ing pandelengku bakal ono awan, sore lan bengi……kang ora bakal dak selaki…….mung opo yo arep ajeg ing pawawas lan endahing kulitmu ora bakal katerak ketigo lan rendeng?……meneh meneh..opo isuk lan…

Lihat pos aslinya 31 kata lagi

uwis

…..banjur sak naliko ora biso dak terusake…

kudu di pungkasi,nadyan ambegan ora kwowo diapusi..

sak jane kowe isih tresno marang wektu kui…

#serbet  @likpaijo  [pebruari,rajab 2013

ngawiti ingsung klawan syi’iiran… kelawan muji maring Pengeran….

kang paring rohmat lan kenikmatan… rino wengine tanpo pitungan…

duh..bolo konco prio wanito ..ojo mung ngaji syariat bloko..

gur pinter ndongeng nulis lan moco..tembe mburine bakal sangsoro…

akeh kang apal qur’an haditzse…seneng ngafirke marang liyane..

kafire dewe gak di gatekke..yen isih kotor ati akale..

gampang kabujuk nafsu angkoro…ing pepaese gebyareng ndonyo..

iri lan meri sugihe tonggo…mulo atine peteng lan nisto

ayo sedulur…jo nglalekake wajibe ngaji sak pranatane

jo ninggalake iman tauhid e baguse sangu mulyo matine

kang aran soleh bagus atine kerono mapan sari ngilmune

laku tariqot lan ma’rifate ugo haqiqot manjing rasane…

al qur’an qodhim wahyu minulyo…tanpo tinulis biso di woco..

iku wejangan guru waskito…den tancepake ing njero dodo

kumanthil ati.. lan pikiran rasuking badan kabeh jeroan

muzidzat rosul dadi pedoman minongko dalan manjinge iman

kelawan ALLAH kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi

di tirakati di riyadhoi dziir lan suluk jo nganti lali..

uripe ayem rumongso aman dununge roso tondo yen iman..

sabar narimo najan pas pasan kabeh tinakdir saking pengeran

kelawan konco dulur lan tonggo…kang  podo rukun ora dak sio

iku sunnahe rosul kang mulyo…NABI MUHAMMAD panutan kito

ayo nglakoni sekabehane..ALLAH kang bakal ngangkat drajate

senajan ashor toto dhohire ananging mulyo makom drajate

pangupalastro ing pungasane ora kesasar roh lan sukmane

den gadang ALLAH swargo manggone… utuh mayite ugo ulese

bogor, 22 – 10-2011…..

(dak tulis rikalane wektu kang lumaku  katon kurang yen mung 24 jam…..sinambi ngruokake syi’ir gusdur

“…sing pironan …rego sepiro wae enek telungatusan…limang atusan tekan rong puluh ewu entuk bonus penyakit…pie ? “ukoro kui keprungu enek mburiku….reregan wedokan kang lagi podo di gagas keprungu sriwing sriwing enek kupingku.

Pancen tresno kui ora mung ana ing lambe cangkem utowo ati,yen wus adoh karo wong kang kasebut sisihan,bojo panggodo kui luwih abot,tresno luwih kudu ana ing laku lelaku….godorencono ujud wedokan pancen abot luwih abot maneh yen kahanan nyoto, ora koyo  pituture simbah kang ora nemoni yukensi,lejing lan rebondingan…..katambah kahanan panguripan alam kang nyoto bedo karo mbiyen……

Yekti yen Yoso gawe anyar pancen gampang,golek anyar anyar kang seger seger lan kinyis kinyis ibarate ora nganggo DP we entuk numpaki  tur barange yo isih kinyis kinyis buntel plastik.

Kabeh mau tumuli mbalik maneh ono ing awak dewe…katambah sing nok ngomah ugo ora biso NGREKSO….sak kabehane…..

Ngrekso katresnanne wong lanang koyo ngopeni Bayi sak umpamane…..yen nok ngomah tansah direkso kanthi apik…dak kiro ora gampang YOSO  maneh……dul…..

pajajaran,bogor,15-10-2011

alam rame…..

“Mugi sedoyo amal kesaenan dipun tampi dening gusti,lan ugi di pun ampunteni sedoyo  kalepatanipun wonteng ing saklebeting  gesang wonten alam keramean..….”

Alam rame….alam kang kebak maneko warno kahanan ,dak pikir ora mung ramene pasar utowo brebeg ke kupingku ngrungokake swarane dangdut koplo kang di setel seko DVD ne tonggoku…..

Lakuning jaman kahanan kang maneko warno mratelakake yen alam iki kaaran alam rame…..apus- apusan,pinter pinteran,pethakilan lan jumpalitan kabeh  ngupoyo biso entuk bondo embuh kepiye carane lan amprih entuke ,tanpo ngango patrap lan paugerane…..jenenge wae alam rame dul…..

Lakuning sikil jumangkah dadi mlayu isih kurang  banter ngango skuter tambah maneh biso o mabur nandyan tembe mburine katon kabur….alam rame bro…..

Aboting lan akehing  kekarepan ugo nepsu ndadekake entenging nglerwakake kewajiban titah manungso kanggo urip manembah opo maneh migunani tumrap liyan…..yo ra  cah…

Nganti lali  yen dawaning unjaling ambegan kuwi sak mongso-mongso biso pedhot….lan gari ninggal cathetan jempalitan,pus -a pusan,beng – glibengan,su- asunan..ing Alam rame iki kang bakal di woco ing ALAM KELANGGENGAN….

...sampun nilaraken alam keramean tumuli wonten ing alam kelanggengan.…..mugi gusti paring pangapunten ,katetepno iman , dumugi mbenjang zaman yaumil kiyamah….amin”

*versi bahasa Indonesia klik di sini.

lindu…ati..

“biso o Dedugo mas “…..swaramu alus  dak rungu ono jeroning telpun lumantar angin kroso mak nyes..ing telenging ati ku…ukoro kui tansah dak eling eling,tembung kang ngemu pitakon marang aku supayane nimbang kanti bener lan pener tumrap opo kang bakal dak lakoni. Ora mung waton ndurusi ati kang mongkok lan seneng ukoro kui ugo kang ndadekake  lumintiring pikir iki dadi soyo bulet opo malah mengkeret…..

Kowe isih nrocos ning swalike telpun….”Lan Kudu Prayogo mas….”…duh..apik lan olo tumrap tembe  mburine kadang kolo ora dak pikir dowo…sing jelas aku tambah mumet.yen kudu mawas pikir lan milang kanggo apik lan elak ke lakuku marang sliramu…..ukoro prayogo kui  jan mung kelingan Pak Prayogo…kyaine tukang adzan mesjid kidul omahku……

“…Lan Watara mas….”……kudu di pikir tenan kanthi mateng  tenan sak durunge nduweni anteping ati….kang bakal dak lakoni….”lan ugo mas”….swaramu lirih sajak kebak katresnan…

Reringo……mujudtake yakin yen bener  isining anteping ati….kang bakal di lakoni…….

Aku ora kuwowo…endahing urip iki pancen kanthi “reh” sabar kang kudu di duweni lan ugo “ririh” ora kesusu amrih pandeleng lan dongo biso lumaku endah ing lair lan bathin…..

….dak gurit rikalaning tresnamu tan soyo ngremboko ono ing atiku…kalikotak 8 april 2011

versi bahasa Indonesia Klik disini