Feeds:
Pos
Komentar

Archive for the ‘unek unek’ Category

Aku gawe cacat uripmu..? Sakjroning atiku mung tansah nggunem,lan lumaku tanpo winates ono ing njero telenging ati.Yen dalan kang endah wus kok temokake,ora banjur yen akeh kang wus lumaku rikolo semono kui mergo winatesku,
Pandheleng petheng marang aku sajak tansah cubrio ngemu julik lan maling tansah nggeter ake pikirku ananging kui kabeh ora kok mangerteni yen aku ugo duwi ati katresnan.

Sajak idu kang tumetes ing lambe,pandelengmu marang aku banjur opo to kang katon ?Mukti kang ono aku tetep ndedongo,
Seragam apik kang kok enggo kui ora bakal luntur rikalane kowe nyelehke ati lan mbukak kahanan sithik wae,dudu idu yen koe eling marang opo kang sliramu ucapke rikalane semono…..

Mung dadi pandongo yen urip tansah lumaku….koe dudu langit,lungguh tanpo nyawang rogo lan guneman kanthi ati kang adem lan mungkasi opo kang dadi janjimu..kui kang dak tunggu….mergo ……….

………Aku ora gawe cacat uripmu!….

versi bahasa Indonesia Klik Di sini

Read Full Post »

Sworo adzan magrib mungkasi anggonku pakaryan,ambune kringet kang wayu kawit pendak sore mekso aku lumaku  lungguh sesenden ning pojok padhon serambi mesjid.

Aku ora ngiro yen kahanan lan pakaryan iki iso dak lakoni,pakaryan kang sakperangane konco nyepelekake,muskil ngono kandane.Bathin kang olo mau ndadekake pandongo ing bathinku.

Modar cocotmu! pungkasane gunemanku ning se’la- se’laning sendal jepit kang antri ning ngarepku.Jebul owah gingsiring kahanan kuwi ora keno di sepeleake’ kahanan bakal owah lan menungso kui mung sakdremo,tansah ngece lan ngentengake marang liyan lan tumindak dak sio kui bakal getun tembe mburine….mulo tansah eling mulo buko lan tembe mburine ugo pintan wus kacepak ing pogo mung wis karo durung….

Lamun siro banter ojo nglancangi,lamun siro landep ojo natoni ,lamun siro pinter ojo nguroni…

suwun gusti..Dak pungkasi sak bubare tanda tangan kwitansi pembayaran pelunasan,banjur age age adus lan makmum magrib.

Pondok pesantren Al-hidayah,desa sumber Kec Karangrayung Grobogan

7 jan 2011 06.00

baca versi bahasa Indonesia.

Read Full Post »

Kahanan lagi horeg

Kahanan kang horeg ugo ndonya kang horeg dening lindu kang anggawe horeg ing tlatah sukabumi iku ugo tak rasake gawe horeg e kiwo tengen omah ku ananging kang luwih agawe horeg iku sejatine atiku lan pangangen angenku kang tansah ngreridu ati lan kahananing pikiran

Horeg kang kedaden seko lindu amung agawe horeging lemah lan sak isine ananging kedadean mau marakake gawe horeg ing atiku tansoyo banter, sakawit nggalih kahanan kang tan soyo suwe soyo agawe mirising manah.

Kahanyan kang dak sawang lan ndak rasake pancen koyo horeging bumi kang nginteri manungso lan minteri manungso kang biso nggagas kahanan.

Kasunyatan urip kang susah isih kasandang deneng aku lan konco konco sedeso masio jarene wis ganti pangembating projo.

Horeg e bumi koyo koyo sinebab soko polah tingkahe wong kang podo rebutan panguwoso ing bumi nuswantoro iki sak enggo agawe horeging wargo ing sak deso deso.

Horeg iki horeg ing kahanan kang wus mbosenake

kapan rampunge kahanan kang horeg iki

Kahanan kang horeg iku koyo koyo mengku karep menehi pengerten marang aku yen sejatine kang horeg iku ora mung lemah lan bumi ananging luwih agawe horeg iku seko polah tingkahe awake dewe kang andadeake bumi iki kroso horeg.

Read Full Post »

Wedus kiplik kui pancen wujude cilik lan ora larang regane kayo dene wedus etawa utowo wedus peranakan etawa,

Ujude kang nyingkrik pancen ora gawe gumune wong kang ningali,lakune teklak teklik ,implik lan awake mung kecengklak cengklik. (lebih…)

Read Full Post »

djakartaisih ono turahan esem..

rikalane katresnan iku mung dadi pocapan lambe..

jebul tenan…bathinku

koyo nembus buntutan togel….tak bede ora adoh!!!!!!!!

yen katresnan kang agung sumuntak dening panggedene roso…..

mung kathon cilik…menthik menthik….. (lebih…)

Read Full Post »

Dalan isih teles,turahan udan sewengi  nang jeglongan dalan kang rusak  kebak banyu, ndadekake aku kudu delok- delok ngerem  karo nahan ambegan amargo koyo koyo arep kebanting,Soroting srengngenge isuk ing selo selaning wit pines kiwo tengen dalan,hawa isuk   kang seger ,ora babarblas  tak rasa opo maneh nambahi sithik  wae  pangroso penak ing telcnging ati.Dalan kang sepi,sesawangan kang endah isuk iki ora ndadekake alon anggonku numpak sepeda montor,koyo adat sabene mangkat megawe.

Mas aku berangkat pulang dari jakarta sore ini, tulisan sms sing dak woco mau bengi,gawe buyare pikiranku, (lebih…)

Read Full Post »

pict0214Udan isih ngrecih,naliko aku mbenekke sarung kademen nang ngarep luweng pawon karo kadangkolo ketetesan banyu udan kang temetes amargo bocoring  gendeng sentet sortiran proyek. (lebih…)

Read Full Post »