ngawiti ingsung klawan syi’iiran… kelawan muji maring Pengeran….
kang paring rohmat lan kenikmatan… rino wengine tanpo pitungan…
duh..bolo konco prio wanito ..ojo mung ngaji syariat bloko..
gur pinter ndongeng nulis lan moco..tembe mburine bakal sangsoro…
akeh kang apal qur’an haditzse…seneng ngafirke marang liyane..
kafire dewe gak di gatekke..yen isih kotor ati akale..
gampang kabujuk nafsu angkoro…ing pepaese gebyareng ndonyo..
iri lan meri sugihe tonggo…mulo atine peteng lan nisto
ayo sedulur…jo nglalekake wajibe ngaji sak pranatane
jo ninggalake iman tauhid e baguse sangu mulyo matine
kang aran soleh bagus atine kerono mapan sari ngilmune
laku tariqot lan ma’rifate ugo haqiqot manjing rasane…
al qur’an qodhim wahyu minulyo…tanpo tinulis biso di woco..
iku wejangan guru waskito…den tancepake ing njero dodo
kumanthil ati.. lan pikiran rasuking badan kabeh jeroan
muzidzat rosul dadi pedoman minongko dalan manjinge iman
kelawan ALLAH kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi
di tirakati di riyadhoi dziir lan suluk jo nganti lali..
uripe ayem rumongso aman dununge roso tondo yen iman..
sabar narimo najan pas pasan kabeh tinakdir saking pengeran
kelawan konco dulur lan tonggo…kangĀ podo rukun ora dak sio
iku sunnahe rosul kang mulyo…NABI MUHAMMAD panutan kito
ayo nglakoni sekabehane..ALLAH kang bakal ngangkat drajate
senajan ashor toto dhohire ananging mulyo makom drajate
pangupalastro ing pungasane ora kesasar roh lan sukmane
den gadang ALLAH swargo manggone… utuh mayite ugo ulese
bogor, 22 – 10-2011…..
(dak tulis rikalane wektu kang lumakuĀ katon kurang yen mung 24 jam…..sinambi ngruokake syi’ir gusdur




hadaaaah…..bahasamu jeru banget, aku tak bagian sing enteng diwocoaelah….
Matur nuwun Mas… syi-iran iki apik tenan…