“Mugi sedoyo amal kesaenan dipun tampi dening gusti,lan ugi di pun ampunteni sedoyo kalepatanipun wonteng ing saklebeting gesang wonten alam keramean..….”
Alam rame….alam kang kebak maneko warno kahanan ,dak pikir ora mung ramene pasar utowo brebeg ke kupingku ngrungokake swarane dangdut koplo kang di setel seko DVD ne tonggoku…..
Lakuning jaman kahanan kang maneko warno mratelakake yen alam iki kaaran alam rame…..apus- apusan,pinter pinteran,pethakilan lan jumpalitan kabeh ngupoyo biso entuk bondo embuh kepiye carane lan amprih entuke ,tanpo ngango patrap lan paugerane…..jenenge wae alam rame dul…..
Lakuning sikil jumangkah dadi mlayu isih kurang banter ngango skuter tambah maneh biso o mabur nandyan tembe mburine katon kabur….alam rame bro…..
Aboting lan akehing kekarepan ugo nepsu ndadekake entenging nglerwakake kewajiban titah manungso kanggo urip manembah opo maneh migunani tumrap liyan…..yo ra cah…
Nganti lali yen dawaning unjaling ambegan kuwi sak mongso-mongso biso pedhot….lan gari ninggal cathetan jempalitan,pus -a pusan,beng – glibengan,su- asunan..ing Alam rame iki kang bakal di woco ing ALAM KELANGGENGAN….
...sampun nilaraken alam keramean tumuli wonten ing alam kelanggengan.…..mugi gusti paring pangapunten ,katetepno iman , dumugi mbenjang zaman yaumil kiyamah….amin”
*versi bahasa Indonesia klik di sini.




yoh..ngono kui urip neng jaman edan.
jarene nek ra melu ngedan ora keduman…
jaman ingkang ngulang