“biso o Dedugo mas “…..swaramu alus dak rungu ono jeroning telpun lumantar angin kroso mak nyes..ing telenging ati ku…ukoro kui tansah dak eling eling,tembung kang ngemu pitakon marang aku supayane nimbang kanti bener lan pener tumrap opo kang bakal dak lakoni. Ora mung waton ndurusi ati kang mongkok lan seneng ukoro kui ugo kang ndadekake lumintiring pikir iki dadi soyo bulet opo malah mengkeret…..
Kowe isih nrocos ning swalike telpun….”Lan Kudu Prayogo mas….”…duh..apik lan olo tumrap tembe mburine kadang kolo ora dak pikir dowo…sing jelas aku tambah mumet.yen kudu mawas pikir lan milang kanggo apik lan elak ke lakuku marang sliramu…..ukoro prayogo kui jan mung kelingan Pak Prayogo…kyaine tukang adzan mesjid kidul omahku……
“…Lan Watara mas….”……kudu di pikir tenan kanthi mateng tenan sak durunge nduweni anteping ati….kang bakal dak lakoni….”lan ugo mas”….swaramu lirih sajak kebak katresnan…
Reringo……mujudtake yakin yen bener isining anteping ati….kang bakal di lakoni…….
Aku ora kuwowo…endahing urip iki pancen kanthi “reh” sabar kang kudu di duweni lan ugo “ririh” ora kesusu amrih pandeleng lan dongo biso lumaku endah ing lair lan bathin…..
….dak gurit rikalaning tresnamu tan soyo ngremboko ono ing atiku…kalikotak 8 april 2011
versi bahasa Indonesia Klik disini





lindu selindu-lindunya
hehehe udu bis prayoga to mas
@bu drupadi:….heheheh lindunne nganggo musik malaisia…suwun suwun salam….
@kang suryaden:..iyo kang…mudun kenteng…. suwun suwun salam….
yang artinyaaaa…?
[...] masing desa memiliki penggalian dan pengembangan potensi yang berbeda, demikian pula dengan Desa Tlogoguwo yang mengembangkan beberapa kelompok unggulan dan berpotensi, tetapi belum tersentuh dengan [...]