Sworo adzan magrib mungkasi anggonku pakaryan,ambune kringet kang wayu kawit pendak sore mekso aku lumaku lungguh sesenden ning pojok padhon serambi mesjid.
Aku ora ngiro yen kahanan lan pakaryan iki iso dak lakoni,pakaryan kang sakperangane konco nyepelekake,muskil ngono kandane.Bathin kang olo mau ndadekake pandongo ing bathinku.
Modar cocotmu! pungkasane gunemanku ning se’la- se’laning sendal jepit kang antri ning ngarepku.Jebul owah gingsiring kahanan kuwi ora keno di sepeleake’ kahanan bakal owah lan menungso kui mung sakdremo,tansah ngece lan ngentengake marang liyan lan tumindak dak sio kui bakal getun tembe mburine….mulo tansah eling mulo buko lan tembe mburine ugo pintan wus kacepak ing pogo mung wis karo durung….
Lamun siro banter ojo nglancangi,lamun siro landep ojo natoni ,lamun siro pinter ojo nguroni…
suwun gusti..Dak pungkasi sak bubare tanda tangan kwitansi pembayaran pelunasan,banjur age age adus lan makmum magrib.
Pondok pesantren Al-hidayah,desa sumber Kec Karangrayung Grobogan
7 jan 2011 06.00




“Lamun siro banter ojo nglancangi,lamun siro landep ojo natoni ,lamun siro pinter ojo nguroni…” quotipun jan mirasa sanget artosipun. loh, kok titi mangsa tulisanipun kagurit wonton karangrayung grobogan? menika kegolong tlalah dusun tetangga kula loh, mas sakti. kados pundi kabaripun, mugi tansah pinanggih ing rahayu.
@pak sawali:….matur nuwun sanget kerso rawuh pak…injih kolo wingi wonten proyek kagem dusun meniko pak…..suwun suwun..suwun…
wedeww… sae sanget tulisan punika mas , suwun sampun mampir …
doh, rodo nggratul-nggratul boso jowoku nek alus ngene kie….
[...] Hari pertama setelah ide di bahas adalah hunting barang bekas layak pakai dari beberapa tempat pasar onderdil bekas yang ada di Jogjakarta,mulai dari Jejeran,Beringharjo sampai Pasar Kuncen. [...]
sugeng dalu,,,,rahayu…
sugeng dalu,,,rahayu