tumetesing eluhmu ora netesake atiku…
sikilku kang wus jumangkah lumaku tanpo swara…
yen pucuking atiku wus rinojit dening janji kang ora dak mangerteni….
banjur sopo?…pitakon kuwi ora kendhat ing telenging kupingku….
pancen aku wus nglerwakke kowe…
ananging ngertio cah ayu….
yen iku lumaku tanpo tumuju..
panggayuhmu lintang kang sumunar..
lan aku ora bakal kuat nyembadani…..
ngertio nduk cah ayu…..
yen roso tresno iki dak buntel rapet sak pangarepmu…
nadyan eluhmu ngetung dawaning wengi….
…….gunungmenoreh,wengi juli 2010




kok nggrantes ya?… :d:
ehmmm… sajak clbk ya mas??
yen sliramu banjur mlayu…aku ugo mlayu….
sajak…ngemu roso sing abot yo mas…hehehe
I have been absent for a while, but now I remember why I used to love this web site. Thank you, I’ll try and check back more frequently. How frequently you update your site?