Isik isuk rikalane aku tumuli menyat soko dipan amben, krungu swarane telpon kan gumletak ono bipet ruang tamu,dak sawang mung ongko thok durung ono jenenge aku tumuli nyaut dak pencet jawab..
“halo..halo..”"
“Halo mas…sampean mesti lali…aku Parwit koncomu kang nang Jogja mbiyen” ukorone mangsuli anggonku duwe roso pitakonan.
Yoh..dak eling eling 8 taun kepungkur rikalane nang jogja dadi buruh amlpas nang perusahaan Handycraf kerajinan glugu wektu iku,bayar mung pas- pasan,yen wis dino sloso banjur bayar minggon mau entek.
Sedino biso mangan sego padang banjur dino candak e wus nyatet ning buku bon warung angkringan sego kucing pojok prapatan AMP….
Aku ngontrak kamar 3×3 dene Lek Parwit, (jeneng Lek kuwi mujudake remaketing kekancanku rikalane kolo semono) Deweke manggon ing gudang duwek e juragane.
Saben saben wayah sore mung podho guneman nyang cakruk kidul ndeso,ngagas kahanan urip kang koyo koyo mung kebak pengarep-arep.
Ora ono pengangen- angen kang maneko warno amargo cupeting kahanan lan pikir wektu kuwi,mung jagong mirunggan ,gegojegan ngentek ke wengi karo rokok utang nang warunge lek
Kahanan kang sarwo kurang anaging kebak pandongo mau ndadekake roso rumaketing ati lan paseduluran kang kawujud.
Akeh ugo kahanan kang gawe gumuyu yen kelingan wektu semono,ngepit BMX mubengi RING ROAD jogja teko isuk bokongku lidas lan pit e mau di tuntun mergo saking kesele …
Kabeh mau ndadekake critaning urip kang ora bakal ilang,duwe makno kang jero lan ndadekake wulangan kang larang regane.
Jebul kabeh pandongo ing wektu kuwi wus kejawab,kahanan kang luwih apik lan mung pengangen angen ing wektu kuwi wus dadi kasunyatan,urip nemahi bejo lan ngunduh woe kang di tandur kanthi rekoso menei kasunyatan kan apik.
Aku dadi bali masrahake panuwun marang gusti,rikalane wektu iki wus nemahi kahanan kang luwih apik tinimbang wektu semono.
Jane yen tak gagas aku mung kurang nrimo wae wektu iki yen ngelingi wektu semono….
Panutuping telpon surasaning kahanan Lek Parwit ugo wus mentas seko pacobaning urip rikalane wektu semono….
Gusti matur nuwun awit sedoyo berkah soho kawontenan ing wedal puniko….




Rikolo Samono aku durung kenal Mas Sakti Paijo…
Nek saiki wis kenal…
ngapunten, aku ga ngerti. Q wonk jowo tapi g njowoni…! salam kenal ae mas.
numpang promosi yah