Durung mari anggonku ngantuk rikalane kang Paeno isuk -isuk dhodok dhodok jendelo ngugah aku,anguk anguk karo bengok bengok yen mbah broto ninggal kesaampar truk nang pojok ndeso.
Gragap aku tumuli mbenekke sarung kang mlotrok tak ngo turu,age age mlayu srantal bebetan sarung nyetitekake warto melu ndelok kahanan sak benere.
Wis watoro suwe pancen Mbah Broto nandang gerah pikir wose pancen loro ngen ngene utowo kenthir boso gampange ,saploke di tinggal bojone mati nggantung pitung sasi kepungkur.
Aku isih eling banget nalikone nonton ketoprak TVRI nang TV nek malem sabtu yo mung nang ngone mbah Broto kuwi,wonge lungguh jegang karo udud menyan par..por isih karo dipijeti mbok parinem dukun ndeso sing rodo kemayu,sandingane pacitan roti potong karo wedang gelas gedhe teh kentel…wah jan wedi tenan naliko semono kae….Boch bocah ora pating pecicil mung meneng anteng mergo saking wedine karo mbah broto juragan klopo wektu kuwi.
Aku yo isih eling banget rikalane Mbok tuwoku(simbah wedokku) di amuk mergo ngentun arep menyang pasar seleh gedang,gori,karo sundo nang pinggir dalan omahe,banjur di abur abur jarene gawe reget…aku mung mlayu pateten kewedhen…..
Dasar pawakane pancen gedhe duwur lan alas kebone ugo akeh,ora maidho yen wong lingkunganku podho weddi lan blereng marang Mbah Broto naliko semono.
Ananging Cokromanggilingan ono surut robahing kahanan,anak 8 kang gede gedhe tak anggep yo ora ono sing pecus,nggenah babar blas.Sing papat wedok podho duwe anak tanpo bopo sing lanang lanang emboh sangkan paraning ora tau ono wartane.
Aku mung meneng ngelus dhodo rikalane bareng bareng ngankat jenasahe ,awake Mbah Broto kang wus kari balung kulit lan nganggo klambi lecek kumel tur mambu.
Bareng tonggoku kang do ngungak menyang dalan karo pak Polisi banjur digowo mulih menyang ngomah joglo gedhe kang wus ora kerumat.




Salam kagem Mbah Broto…
Urip pancen koyo rodha .. kadang nang ngisor.. kadang nang nduwur…
Ora entuk dumeh, entuk-entukane kewirangan ing tembe mburi…
njuk wis gakenek sing di wedeni yo mas
mung gari nunggu sawabane………!!!!!!!
[...] The busiest day of the year was January 11th with 36 views. The most popular post that day was Kepriben alah Kepiye… [...]