Isuk uput uput,telesing embun durung ilang ing gegodongan.Soroting srengenge kroso anget ing gegerku lungguh dingklik aku mbegogok ing latar ngarep omahku,ora keprungngu swarane manuk podo ngoceh mung anglerre esuk kang kroso abot dak roso.
Aku mung iso unjal ambegan siji mboko sijo,ono rerasan abot kang mesti dak rasakke lan ora iso dak wetokake.
Mestine wektu iki aku ora mbegogok nang latar nanging wis tekan Qatar karo rombongan konco konco gaweanku.Dak eling eling tenan rikalane kontrak gawean pitung sasi kang bakal dak lakoni kuwi dak kabarke marang anakku,katon seneng lan pesen jajan werno -werno koyo padatan yen aku arep lungo kerjo adoh.
Ananging kasunyatan iku seje,loro kang dak rasakke ndadekake aku ora sido mangkat numpak montor mabur kang suwene 12 jam,malah kudu ngaso suwenw 12 sasi.
Mestine aku wus nyawang padang pasir utowone pomahan kang seje ono ing Qatar kono,ananging ing latar ngarep omahku sak iki mung nyawang kandang wedus lan turahan tumpukan kayu kang kelong siji mboko siji di colongi tonggoku.
Aku isih mbegogok rikolone bojoku ngundang aku supoyo siap siap arep kontrol maneh menyang dokter,usg lan nebus obat.Dak pungkasi gunemane atiku yen pacobaning gusti lan kanugrahan iku mung bedo bedo tipis banget,yeng ngayuh durung weruh yen luru durung nemu pungkasane mung kudu sabar.
Bojoku tumuli nuntun aku mlebu ngomah sinambi ngomong
“Mpun mas, mbotenno mangkat proyek teng Qatar mangke yen mendho pun gedhe -gedhe rak saget mangkat mriko kaleh anak mbojo,gek toto -toto mawon budhal tumbas obat jarene onten janjian badhe nruweni mendho kaleh mas sopyan“
Dak amin ni ukorone bojoku sinambi nyaut dingklik,ing atiku mantep yen pancen rejekine ora bakal mlayu nek lumprah suket godhong podo ngewangi mung bedo dhalane. Yak e….




alhamdulilah….uda sehat ya…
sek-sek tak wocone kalem-kalem…
yak’e..leres kui..
rejeki kui sejatine wonten ing pinggiran ratan omah dewe, ra sah lungo adoh-adoh yen pancen cumak pados arto…
kaligesing taksih kathah artha nanging ingkang wujud wedus etawa (sanes ketawa lho…)
rausah adoh-adoh nang Qatar, neng kene ae iso mukti…
sabar, mas sakti, sing sabar, sareh, Gusti Allah ora sare. Gusti Pangeran uga ora menehi pacoban karo umate sing ora bisa dipungkasi. moga2 tansah pinggaih rahayu.
Mas paijo olala adhine mas gentho tho. Sugeng mas? Kapan2 aku dolan maneh teng gunung kelir yo. Trus soal qatar niku piye tho?
sabar masss…wong sabar pungkasane bakal babar *sok tahu*
yak’e… wah, ukara kuwi malah sing tak rasa2 pada karo sing tak alami, mas.
yak’e… kaya2 ana rasa ragu sing angel dijabarke.
lha daripada adoh2 lunga qatar, ya mendingan dadi juragan etawa kaya mas’e kae ta ya…
ngomong2, njenengan ki sakjane gerah apa ta ?
sing sabar kang, kabeh ono dalane dewe dewe
Kula sarujuk kaliyan ngendikane garwa panjenengan…
menawi mendha-mendha etawa dipun rimat kanthi sae, mboten namung Qatar, sisan penjenengan sak keluwargi munggah kaji wonten Mekah. InsyaAllah…
mas, mas… panjenengan kok dangu mboten apdet ta ?
pripun wartosipun ? mugi sedaya tansah sae kemawon.
salam kagem kaluwarga…
peace !