
Aku isih ngantuk,rikolo mak gragap koyo koyo ditangekke seko anggonku turu,ora ono sasmito ing impenku ,rikalane mripatku ora leren keduten…koyo arep nemu barang opo,koyo arep ketemu sopo,koyo arep weruh opo.
Tak ucek mripatku sinambi mancal sarungku ,ananging pikiranku malah dadi buyar ora karuan….pijer keduten ono ing mripatku.
Banjur aku saknaliko tumuli medun seko amben peturonku.
Koyo padatan aku banjur nyangkruk menyang ngarep luweng pawon karo gegeni ngombe wedang teh sing di adoke bojoku.
“Kadingaren ora koyo padatan ….. ?tangimu kok luwih gasik katimbang biasane kenangopo je…?” pitakone bojoku sajak ngerti kahanan kang kawoco ing raiku
“Ra..rapopo.kok….mung mripatku tengen pijer keduten terus…kenang opo yo”.aku semaur kanthi roso bingung.
“ooo…nek ngono kuwi biasane arep ono sing mbok weruhi “bojoku nuli nerangake
” yen mripat tengen iku sing keduten jare bakal meruhi kahanan kang bejik ,nanging sakwalike lamun sing pijer keduten iku mripat kiwo kui bakal ngaweruhi kahanan kang ora becik ” Bojoku sajak ngerti primbon
” lah opo iyo sajake kok koyo ngerti tenan wae , opo kiro kiro aku arep ketemu wong agung …..priyayi ? wangsulanku sajak maido kahanan kang ndak rasakake
“nah iyo kui mas …. ! Bojoku mangsuli sinambi mesem
Teh sing paitiku dak roso manis kecampur manise eseme bojoku isuk iku,katambah leganing atiku ,lan tentreming pikiran aku koyo nggugu omongane bojoku ” bakal ngaweruhi kahanan kang bejik”
Mungkasi gunemanan ing wayah isuk aku banjur isih nggagas kahanan kang dadi pitakone atiku aku arep weruh opo ,utowo ketemu priyayi sopo .
Kanthi kebak pengarep arep lan roso bingung aku tumuli adus lan banjur toto budhal menyang omahe kakangku arep ngrewangi ndandani kandhang wedus .
udokoro sak jam aku anggone ngrewangi kakangku ndandani kandang aku isih pijer kedhuten aku dadi nggagas ukarane bojoku yen aku bakal ngaweruhi kahanan kang bejik utowo ketemu priyayi, ….. ning opo ,lan endi yen mung weruh kandhang bodhol wae aku wis biasa.
..Wah jan jebul tenan,anggonku pijer keduten kebukten aku arep ketemu sedulur utowo priyayi jebul tenanan.
Maremme atiku naliko ketemu karo pak Sawali,Kangmas Tukang ngunem,pak Andi mse,pak Novi,mas mantan kyai, Lha ora seneng piye amargo ing wektu kang kepungkur aku mung duwe panyokrobowo, moco tulisane, ngrakit lan ngento ento koyo ngopo piyayine,ing wektu iki kelakon biso pinanggih,jabat asto,mirunggan gegujengan sinambi nyawang endahing suasono ing Gunungkelir.
Swasono mirunggan kang tanpo aling aling ndadekake kahanan dadi ajer gapyak koyo nemu sedulur anyar,ruwet rentenging kahanan dadi kalipur endahing roso paseduluran, kang gayeng.
Ing Nyatane bapak lan mas mas kuwi nyedulur ,senajan aku mung dadi juru wedang lan juru pethikcitro nanging aku nduweni roso mongkog ing atiku.
Aku nduweni pangajab kepingin marak sowan ing ndaleme siji sijine, senajan embuh kapan wektu lan mangsane
Durung genep itungan dino,sasen lan mongso nanging koyo koyo abot rikolo sedulur blogger pak Sawali,mas tukang ngunem, pak Andi mse,pak Novi,mantan kyai,mas anang,kang gajah pesing,kangmas, sandal jengkar pamit seko Gunungkelir…Senadyan mung pengangen angen ananging pandongo mugo lestari,karahayon kang tansah kapuji..
Akeh banget sing iso kapethik ananging ora iso tak tulis amung dadi pandongo nyuwun pangapunten menawi mboten saget ngaturaken papan palenggahan,soho pasugatan ingkang murwat ,awit sedoyo kekirangan kawulo lan ngaturaken agunging panuwun awit kerso rawuh panjenengan sedoyo…nyuwun lumunturing sih samodro pangapunten lan matur nuwun ingkan tanpo pepindan…ing pangajap mugi Gusti tansah paring karahayon saenggo kito saget makempal pepanggihan malih wonten ing sanes wekdal soho kalodangan ingkang badhe dhateng…..suwun




Siap thok no…tinggal nunggu teman2 yang lain meluncur saya pasti ikut serta…maturnuwun atas segala sambutan plus keramahannya kemaren…
walah, rakitaning ukara ora nuwuhake rasa bosen, malah kepingin bola-bali maca reracikaning pangudarasa saka thelening kalbu mas sakti kang tulus nampa pisowanane kanca-kanca bloger ing gunung kelir, matur nuwun sanget, mas sakti sedaya sesambutan saha uba rampenipun ingkang tansah damel renaneng penggalih. rumangsa mongkok, bombong lan bembeng birawaning manah, mas toktok, mas akti, dhawah sedaya kulawangsa ing gunung kelir sampun kepareng nampi kula sakanca kanthi kabak rasa paseduluran. mugi Ingkang Mubrbeng gengsang tansah ngelstantunaken telai silaturahmi ingkang kawiwitan saking jagad maya ngantos saklami-laminipun, sepindah malih, kawula gaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan saha nyuwun gunging samudra pangaksami dhumatengs edaya kelepatan kula rikala pasmauan wonten ing gunung kelir.
[...] O o o o o… ternyata masih ada yang ketinggalan. Rupanya Adhimas Sakti Paijo juga bercerita tentang Sasmito yang Terbukti. [...]
Wah… lha kok sampean sajak ngono tho dhimas, nek ra ana juru pethikcitro, lha ngko ra ana dokumentasine?
Aku sing kudune matur nuwun sak gedhe-gedhene marang sampean sak kulawarga… cara Landane, aku sak kanca rak ya mung Leker Eaten Zonder Betalen, alias mangan enak ora tuku, podho wae karo nunut mulya, hehehe
hihihi… ana tukang nggunem ra iso basa Jawa… kok ngganti wae jenenge dadi juru cakap…
betul kata” pak sawali, racikan kata”nya tidak menimbulkan rasa bosan, tulisan sampeyan bagus banget pak…
@tukang gunem : kok ra nganggo boso jowo kromo pie kang
tanggal selawe, sasmito arep teko maneh kang! malah ngajak kanca sak kampung lho!
Nie aku..
Temenmu yang mungkin dah dilupain..
Aku dah baca semuanya n aku ngerti bangeettt..
Thanks atas semuanya..
Aku cuma minta doa, semoga resolusi yang akan aku buat di 2009 bisa tercapai..
Katanya mau mampir kalau ke Jakarta???
Salam aja buat pendampingmu..
walah aku lagi ngerti ono tulisan iki. hiks …
[...] sasmito iku kebukten… January 2009 9 comments 4 [...]