Dalan isih teles,turahan udan sewengi nang jeglongan dalan kang rusak kebak banyu, ndadekake aku kudu delok- delok ngerem karo nahan ambegan amargo koyo koyo arep kebanting,Soroting srengngenge isuk ing selo selaning wit pines kiwo tengen dalan,hawa isuk kang seger ,ora babarblas tak rasa opo maneh nambahi sithik wae pangroso penak ing telcnging ati.Dalan kang sepi,sesawangan kang endah isuk iki ora ndadekake alon anggonku numpak sepeda montor,koyo adat sabene mangkat megawe.
Mas aku berangkat pulang dari jakarta sore ini, tulisan sms sing dak woco mau bengi,gawe buyare pikiranku, aku koyo suloyo karo awakku dhewe,tali katresnan kang ora perlu di getuni,kahanan nyoto kang mesthi di tompo,nanging kadangkolo roso welas asih iku ora biso di pateni.
Pangrosoku aku pengen mlayu kang adoh,sak adoh adohe.Wektu kepungkur kang kebak sarwo endah ono ing pandelenging angen angen rikolo sih katresnan kuwi lumaku pancen nandes jero,natu cetho ing atiku,aku yo ramaido yen tekan wektu iki kanggo deweke ndadekake sawijining kahanan kang ora gampang, dilalekake awit janji prasetyone nganti tekan wektu sak iki.Ananging kahanan sak iki seje,kasunyatan kang ono aku ora biso selak yen aku wus kudu abot sih katresnan karo kwajibanku..
Tangan kiwoku tumuli mencet bel,mbales bel rikolo ketemu bakul sayur,isih isuk pikirku,tumuli aku mandeg delok,jam 6.30, tulisan nang HaPe kang tak lorot seko sak kathok.Lamat lamat soroting srengngenge ngilangke ademme awakku,rokok kretek turahan jagong manten mau bengi tak lorot banjur tak sumet,kebul kang metu bareng unjaling ambegan ku koyo koyo ungcalke bundeting pikirku.Tangan tengenku tumuli nyaut HaPe kang tak deleh,tak puter puter…nganggo drijiku,tak umbulke ..tak tanggkap maneh,ing pikiranku pengen uncalke sak adoh- adohe.Seko atiku ono sworo mbengok mbengok yen HaPe mau kang ndadekke peranging kahanan pikiranku,tak umbul umbulke maneh karo ngitung siji loro…telu…wurung maneh anggonku pingin nguwang HaPe.Atiku muna muni….ngamuk,mencak mencak…..
“Kok suntuk mas?“ pitakon koncoku mbuyarke pikiranku rikolo aku tekan parkiran sinambi nyetandarke motorku,
“Iya mas, semalem nonton wayang” tak jawab sak kenane,nanging pikiranku tetep bingung,abot,garuh,
“Udah siap semua mas,tinggal nunggu sampean aja, langsung berangkat ke lokasi mas?” koncoku isih ongomong setengah takon setengah kongkon,di no iki akuono gawean pointing arah antena tower 72 kudu rampung.
“ya….langsung ae mas”aku tumulimlebu mobil, mlaku alon menyang lokasi kerjaan ora ono guneman kang kewetu soko konco koncoku,podo meneng koyo mangerteni yeng sak jane ing njero atiku lagi gumuruh,judeg.
Duh….aku semende leren,bordes keloro rumongsoko abot,aku leren rikolo HaPe ning sak geter ono sms.
Mas aku pengen ketemu,jam 6.30 tadi aku nyampe di rumah” ah..aku ngencengkesabuk ,tas gendong isi alat tambah a kroso abot,aku tumuli leren,pandelengku nglirik koncoku kang katon cilik nang selo selaning wesi tower ngisor kono tumuli mbengok,
“alon alon mas manjatnya,keluarga menanti di rumah,…istri juga masih cantik….ha..ha..”ro ngakak,aku mung mesem nanging atiku gemremeng protes,guwangen,uncalno HaPe mu kuwi!
Bordes ke papat,aku tumuli leren maneh,GePeeS,Laptop,Kompas,lan alat liyane koyo melu lego rikolo aku mandeg leren ndelehke alat alat mau nangjejere sikilku kang ketok rupek, amargo ambane mung setengah meter,nak grarap HaPe ku geter ono sms masuk. Karo nglirik ngisor sesawangan omah kang katon apik,dalan,lan wit witan tak ngo nglipur roso wedi ing selo selaning geterku.
Mas…aku pulang cuman pengen ketemu aja gak lebih mas…please.Aku mung meneng, mandeg ambeganku,nyidrani prasetyaning ati,utowo selak nompo kasunyataning kahanan,aboting katresnanku,koyo arep sumuntak anggonku njagong 57 meter seko lemah ngisor kono.Samudraning angen angen rikolo katresnan durung dadi kewajiban,endahing sesawangan impen,lan legining pangroso pangucap wektu semono ora biso ndadekake lunturing nota kas bon bayaran sing tak jupuk kanggo kebutuhan sumbang,mbayar akreditasi sekolah lan spp sing nem sasi iki durung tak bayar. Panganggep lan panyawang entengmu ing wektu semono wus nyidrani opo kang arep dak ujudke dadi roso tresnoku marang kowe! gunemku atos mungkasi sawangan ing mongso rikolo kuwi.
Please mas…. knapa gak di jawab? Tak woco meneh sms koyo mratelakake ngemu suroso panjaluk,atiku mbengok maneh..GUWANGEN HP MU!. Sworo koncoku bengok – bengok lewat HT seko njero tas nambahi bruweting atiku,kasunyatan kang nyata lan paugeran kang ora oleh tak terak,ndadekke gumpyur pikiranku,aku tumuli tangi rikolo atiku tetep bengok-bengok koyo terus nyalahke aku. banjur …….PET….peteng…..
Aku nangdi?….
bojoku tumuli nempelke drijine nang lambeku,karo mesem tumuli ngomong…
“Pak,bapak ra popo..ki nang jogja teng rumah sakit,wus telung ndino pak, sukur nek bapak mpun sadar“…bojoku ora kuwat neruske omongane, kepedot milining luh tangis seko mripate.
Banyu kang mili ngemu katresnan kang ora biso kaukur…tangane ngegem kenceng,atiku ngemboro ing samudraning welas asih sigaraning nyowo saumpomo.Bojoku ngelap tangis rikolo ono sworo HaPe seko njero sak e anakku kang tak sawang samar- samar turu pules melu nunggoni aku, mak gragap alon alon pikiranku keling HaPe ku.
Ma,HaPe ku nyang ndi?
“Pak sampean tibo,alate mboten nopo nopo,laptop kantor lan sanese aman kejawi HaPe nJenengan remuk,cip kartune nggih mboten pangih,pun di padosi mboten temu,ngenjang ganti mawon…sing penting gek enggal sehat,janji ajeng ngajak kulo teng Jakarta to pak? Mosok kulo dereng nate teng Jakarta,kaleh mampir nggen budhe..”ukorone bojoku sinambi moco sms seko koncone dasawisma Pkk.
Aku tumuli ngririk jam dinding,ac ruangan koyo ora kuat ngademke atiku….




Yen maca cerita cekak, rumangsaku kok kaya bisa nyedhakake rasaku marang leluhur. aku ora ngerti, mas sakti, apa merga aku wong jawa, hehehe …. beda yan maca cerpen basa indonesia utawa liyane.
ki critane mas sakti opo crito fiktif?